TULADHA TINDAK TUTUR (Bagian 2)

10. Tindak tutur Deklaratif utawi Isbati
Dipunkajengaken dening panutur kangge nuwuhaken samukawis ( status, kawontenan) ingkang anyar utawi benten.
Ingkang kagolong inggih punika ngesahaken, netepaken, mbadharaken, nglarang, ngidinaken, ngabulaken, ngangkat, nggolongaken lan nyukani pangapunten.
Tuladha :
1) Netepaken
   a. “ Yen ngono, saiki Ketuwa kelase diganti Budi.”
2) Mbadharaken
   a. “ Ibu, kula boten siyos ing Simbah. “
   b. “ Kuliyah boten siyos dipun gantos sapunika, ananging dipun gantos minggu ngajeng. “
3) Nglarang
   a. “ Bocah wadon kuwi aja metu bengi – bengi. “
   b. “ Aja numpak motor dhewekan, bahaya. “
4) Ngidinaken
   a. “ Ya rana Nang, yen arep lunga saiki. “
   b. “ Kang Mas marengake yen sliramu kerja ing Jakarta Dhik. “
5) Nyukani Pangapunten
   a. “ Sedaya kalepatan panjenengan sampun kula pangapunteni.“

11. Tindak Langsung
Inggih punika kaginakaken kanthi limrah, jumbuh kaliyan tegesipun.
Tuladha :
a. “ Kapan Endah mangkat ing kampus ? “
b. “ Ayo mangkat sekolah saiki ! “
c. “ Jam pira lunga ing Johare ? “
d. “ Kuliyah karawitan ing GP 6.11. “
e. “ Titin kuliyah ing IKIP PGRI Semarang. “

12. Tindak Tutur Boten Langsung
Inggih punika sipatipun boten limrah. Ngandhut maksud tartamtu.
Tuladha :
a. “ Wis jam pira iki Ndug ? “
Ateges pawiyatan kedah dipun purnani.
b. “ Bukune ana sing luwih apik maneh Fit ? “
Ateges nyuwun buku ingkang langkung sae tinimbang waune.
c. “ Omahe cedhak banget kok. “
Ateges perlu dipun sowani.
d. “ Ruwang tamune reged Sin. “
Ateges ruwang tamune kedah disapu supados resik.
e. “ Gambare kurang gedhe iki. “
Ateges gambaripun kedha dipundamel langkung ageng.

13. Tindak Tutur Harfiah
Inggih punika tindak tutur ingkang sami maknanipun kaliyan tembung-tembung ingkang kasusun.
Tuladha :
a. “ Ibu kula nyuwun sambel ati. “
b. “ Ita dawa tangane mula yen nari luwes banget. “
c. “ Cobi dipun angkat astanipun. “
d. “Indonesia kuwi jembar segarane.”

14. Tindak Tutur Tidak Harfiah
Inggih punika tindak tutur ingkang ngandhut makna kias (pepindhan
Tuladha :
a. “ Bocah Kok dawa tangane. “
Tegesipun seneng nyolong.
b. “ Dadi wong aja cilik ati. “
Tegesipun gampang mutung.
c. “ Wong kok rai gedheg. “
Tegesipun ora duwe isin.
d. “ Mas Ery pancen entheng tangane, kabeh gaweane mesthi rampung yen ditandang. “
Tegesipun sregep.
e. “ Wong kok nyunggi kompor, padhahal ora jumbuh karo kasile. “
Tegesipun gampang disumubi.

15. Tindak Tutur Langsung Harfiah
Tuladha :
a. “ Buka mulut”
Tegesipun diucapaken dening dokter gigi menawi badhe mriksa gigi pasienipun.
b. “ Angkat kaki”
Diucapaken dening guru olahraga ingkang mimpin olahraga.
c. “ Gulung tikare”
Menawi panutur ngengken mitra tutur nggulung tikar.

16. Tindak Tutur Langsung Boten Harfiah
Tuladha :
a. Ayo cepet ndang buka mulut !
Menawi mitra tutur dikengken ngendikan dening penutur.
b. Angkat kaki saka omahku kene !
Tegesipun mitra tutur punika dikengken lunga saking griyanipun penutur.
c. Dari padha kaya ngene terus, luwih becik gulung tikar wae.
Tegesipun langkung becik punika usahanipun dipuntutup kemawon.

17. Tindak Tutur Boten Langsung Harfiah
Tuladha :
a. Kados pundi menawi mulute dibuka sawetawis?
b. Kados pundi menawi angkat kaki kemawon?
c. Kados menawi gulung tikar wae?

18. Tindak tutur Boten Langsung Boten Harfiah
Tuladha:
a. Kanggo jaga rahasia, luwih becik kene kabeh tutup mulut wae.
Tegesipun tutup mulut punika nedhahaken boten ngendikan utawi jaga rahasia.
b. Supaya kahanane luwih apik, luwih becik kowe angkat kaki saka kene.
c. Ben ngirit ragat, becike gulung tikar wae.

19. Tindak Tutur Vernakuler
Inggih punika tindak tutur ingkang sinten kemawon wenang ngucapaken.
Ingkang kagolong : nyuwun, ngaturaken panuwun, ngalembana.
Tuladha :
a. “ Nyuwun pangapunten, dinten punika kula boten saged ndherek kempalan. “
b. “ Maturnuwun awit kalodhangan ingkang sampun dipun paringaken dhateng kula. “
c. “ Dina iki sliramu ketara ayu banget. “
d. “ Kula nyuwun pangapunten awit sedaya kalepatan kula. “
e. “ Kowe ketara bagus yen anggo klambi bathik iki. “

20. Tindak tutur Seremonial
Inggih punika priyantun-priyantun ingkang pikantuk kalenggahan ingkang saged ngucapaken.
Ingkang kagolong : misuda, murwakani sidhang MPR/DPR, mutusaken prekawis.
Tuladha :
a. “ Awit punika sodara Bapak Bejo dipun nyatakaken lepat lan dipun penjara 2 taun. “
b. “ Kula nikahaken sodari Munirah binti Munir kaliyan Sarkon bin Bajuri kanthi mas kawin seperangkat pirantos salat dipun bayar tunai. “
c. “ Dinten punika sidhang bab renovasi gedhung DPR kula bikak.“

Anda mungkin menyukai postingan ini

  1. Untuk menyisipkan sebuah kode gunakan <i rel="pre">code_here</i>
  2. Untuk menyisipkan sebuah quote gunakan <b rel="quote">your_qoute</b>
  3. Untuk menyisipkan gambar gunakan <i rel="image">url_image_here</i>